Carios Riwayatipun Ki Tolih Lan Mula Bukanipun Dusun Cikakak – Banyumas, Lan Riwayat Adipati Kaleng Negari Panjer Raden Banyak Kumara

 

Bebuka

Carios punika dipun serat dening R. Ravie Ananda ingkang mapan wonten ing Jln. Garuda 13 Kebumen (Tanah Panjer), dinten Selasa Pon, 20 November 2012 (7 Muharram 1435 H/ 7 Sura Wuku Manail Tahun Jim Akhir).

Carios riwayatipun Ki Tolih lan Mula Bukanipun Dusun Cikakak wonten sambungraketipun kaliyan Babad Banyumas ingkang dipun serat dening Raden Aria Mertadirja. Panjenenganipun ngempalaken carios saking pra sepuh wekdal semanten lajeng kaserat dados Babad Banyumas. Sinten ingkang miwiti wontenipun carios mboten dipun mangertosi. Babad Banyumas kalebet satunggaling seratan ingkang sumberipun saking volklore (cerita rakyat turun – temurun).

Babad Banyumas lajeng dipun serat dening Walandi kanti Sesirah TIJDSCHRIFT VOOR INDISCHE TAAL – LAND – EN VOLKENKUNDE UITGEVEN DOOR HET BATAVIAASCH GENOOTSCHAP VAN KUNSTEN EN WETENSCHAPPEN. ONDER REDACTIE VAN DR. PH. S. VAN RONKEL DEEL XLIII (TEDHAKAN 43) AFLEVERING 5 BATAVIA ‘S HAGE ALBRECHT & CO M NIJHOFF 1901

 

Kawonipun Siyung Wanara

Cariosipun Ki Tolih dipun wiwiti saking yudhanipun Pangeran Majapahit asma Jaka Sasedah lawan Pangeran Pajajaran asma Siyung Wanara. Siyung Wanara kawon lajeng kesah miyos Seganten njujug tlatah Kalingga (Jawa Tengah) badhe nyuwun bantuanipun Pangeran Kalingga.

 

Wonten Kalingga, Siyung Wanara manggih satunggiling tiyang pinter saha linangkung asma Ki Tolih. Pangeran Kalingga lajeng dhawuh dhateng Ki Tolih supados njujug ing Majapahit miyos gegana nitih peksi Elang ageng kangge paring piwales.

 

Kawonipun Ki Tolih Yudha Mengsah Gajah Mada

Kacarios Pangeran Majapahit satunggiling priyantun ingkang caket dhumateng Gustinipun. Panjenenganipun pikantuk sasmita bilih badhe wonten mengsah ingkang niat awon dhumateng pribadhinipun saha Majapahit. Pangeran lajeng nimbali Gajah Mada lan dhawuh supados sedaya rakyatipun dalu punika sami medal wonten ing sumberipun piyambak – piyambak. Suwanten Bendhe mungel wonten ing pundi kemawon minangka wewara saking kraton.

 

Ngancik suruping surya, pra Patih sami lenggah agegaman tombak, ndelik wonten sak ngandhaping wit Naga Puspa mboten adedamar. Kacarios, Ki Tolih ingkang taksih wonten ing sak nginggiling eksi Elang mriksani ngandhap. Katingal kraton Majapahit ingkang asri lan wingit, cat ketingal cat mboten. Wonten saklebeting manah, Ki Tolih ngendika “Aku ora wedi, sak pira kekuatanmu pangeran Majapahit, kowe bakal dhak pateni “.

 

Ki Tolih lajeng mandhap dhateng kraton. Ananging dumugi ngandhap, peksi Elang punika lajeng mimang mboten sumerep papan lan dunung, ketaman dening dhaya linuwihipun kraton lan pengeran ingkang caket dhumateng Gustinipun.

Ki Tolih rumaos bilih punika sasmita awon, dene peksi Elang mimang anggenipun badhe mandhap wonten kraton. Kacarios, Peksi lajeng mandhap wonten bangsal kepatihan mados toya. Dumadakan wonten jawah ageng saha angin sindung riwut ingkang gegirisi. Gajah Mada sumerep wonten peksi Elang mandhap ingkang dipun titihi dening setunggaling tiyang. Sak mandhapipun peksi, Gajah Mada lajeng nyabetaken tombakipun dhateng Elang lajeng peksi ageng punika pejah. Ki Tolih lan kerisipun dhawah kalumah wonten ing siti. Gajah Mada lajeng mlumpat nindhih Ki Tolih ngantos mboten saged budi lan ewah. Patih sanesipun sami ningali. Gajah Mada lajeng ngendika dhumateng Ki Tolih “ Yen sira kepingin njajal kadigdhayan ingsun, bakal dak enteni pulihing kekuwatan lan bayumu. Ingsun Gajah Mada Maha Patih Majapahit! Sira kuwi sapa? Ngakuwa lan apa karepira? Yen ora, sira bakal sun ajurake lan sun tugel – tugel kanggo pangan asu. Ananging yen sira ngaku, sun bakal paring pangapura kanti tangan karangket ngadhep ngarsaning pangeraningsun.

Ki Tolih lajeng matur bilih piyambakipun utusan saking Pangeran Kalingga supados mejahi Pangeran Majapahit, ananging usadhanipun lajeng wurung amargi Peksinipun pejah wekdal mandhap mados toya kenging tombakipun Gajah Mada.

Ki Tolih lajeng pasrah dhumateng Gajah Mada. Wonten ngarsanipun Pangeran, Ki Tolih pasrah kalepatan. Pangeran lajeng mundhut Keris Pusaka kagunganipun Pangeran Kalingga ingkang dipun asta Ki Tolih minangka gaman.

Pangeran lajeng ngendika bilih Ki Tolih mboten badhe dipun pejahi. Ki Tolih lajeng dipun paringaken dhateng Gajah Mada supados dipun lebetaken pakunjaran ingkang kirang sanget tedhanipun. Wonten ing pakunjaran Ki Tolih sanget anggenipun prihatos.

 

Lelabetanipun Ki Tolih/ Kyai Macan Guguh

Satunggaling dinten, kacarios wonten peksi Garuda mandap saknginggiling pagedhoganipun (kandang kapal/jaran) Pangeran ingkang ndadosaken girasipun Kapal, tumunten lajeng nendhang – nendhang sedaya tiyang ing sak kiwa tengenipun. Mboten wonten ingkang saged nyepeng kapal ingkang ngamuk kados dene raksesa wau. Wonten ing kotaraja lajeng damel geger.

Saksampunipun wawanrembag kaliyan Gajah Mada, Pangeran damel sayembara sintena kemawon ingkang saged nyepeng kapal punika badhe pikantuk ganjaran pangkat lan pawestri kangge garwa.

Kacarios mboten wonten ingkang saged nyepeng kapal ingkang ngamuk punika. Ki Tolih ingkang wonten pakunjaran sumerep lajeng tumut sayembara kangge males dhateng asihipun Pangeran ingkang mboten ndawahaken ukuman pejah dhumateng piyambakipun.

Rakyat sedaya ningali anggenipun Ki Tolih badhe nyobi nyepeng kapal wonten ing alun – alun.  Ki Tolih nyuwun tali ingkang sakderengipun kangge kendali peksi Elangipun ugi pantun.

Panjenenganipun tindak sanget ngatos – atos. Kapal sumerep bilih Ki Tolih ngasta pantun, lajeng mlajar mbujeng pantunipun kanti swanten ingkang gegirisi. Sak sampunipun kapal punika nyakot pantunipun, Ki Tolih lajeng minggah lan masang tali wonten sirahipun kapal. Sedaya sami sorak – sorak ningali Ki Tolih wonten sak nginggiling kapal ingkang sampun saged dipunlulutaken. Kacarios bilih sakjatosipun kapal punika wau dados giras amargi kasukman Elangipun Ki Tolih ingkang memba peksi Garuda. Pramila ki tolih saged nglulutaken kapal punika.

Gajah Mada suka ing galih, lan munjuk sukur dhumateng Gusti sakawit perkawis ingkang ngreridhu nagari sampun saged dipun usadani. Lelabetanipun Ki Tolih lajeng dipunaturaken dumateng Pangeran. Ganjaran dipun paringaken dhumateng Ki Tolih arupi pangkat lan pawestri. Ki Tolih ugi pikantuk gelar Kyai Macan Guguh. Ananging, kanti panuwun ingkang sanget, Ki Tolih mboten arsa nampi ganjaran punika, namung nyuwun konduripun Keris Kalingga nami Gajah Endra.

Ki Tolih dipunparengaken lenggah wonten saknjawining kutaraja tanpa wates ingkang tinamtu. Keris Gajah Endra dipun konduraken dhumateng Ki Tolih, ananging warangkanipun tetep dados kagunganipun Pangeran.

Kacarios Ki Tolih nglajengaken lampah njujug wana lan jurang, minggah mandhap ardhi kanti cepengan oyod. Sengsaraning lampah mboten kacarios, wusana dumugi laladan Kawi.

 

Ki Tolih Dumugi Kadipaten Kaleng Negari Panjer

Mboten kacarios lampah lan lelabetanipun Ki Tolih wonten laladan Kawi. Saking Kawi Ki Tolih nerasaken lampah mangilen dumugi kadipaten Kaleng Negari Panjer. Wonten ing Kaleng, Ki Tolih ngangkat pasedherekan kaliyan Adipati Kaleng asma Raden Banyak Kumara. Raden Banyak Kumara punika putranipun Raden Putera/ Syekh Baribin pangeran saking Majapahit ingkang tindak mangilen netepi takdiripun ngantos dumugi Kaleng, Ayah, Jawar/Kejawar, Pasir Luhur ngantos dumugi Pajajaran lan krama pikantuk wayahipun Ratu Pajajaran lajeng mandhita wonten Grenggeng Negari Panjer (Karanganyar Kebumen) Raden Banyak Kumara kagungan sederek sepuh asma Raden Kaduhu (Adipati Margautama), Raden Banyak Sasra (Pasir Luhur) lan rayi estri setunggal asma Nyai Mranggi/Rara Ngaisah (Garwanipun Kyai Mranggi/Ki Jaka Jawar/Kejawar).

 

Lenggahipun Ki Tolih wonten ing Kaleng, ndadosaken kadipaten langkung reja, toya langkung sae, gemah ripah loh jinawi. Rakyatipun sami kacekapan sandang lan pangan. Punapa kemawon ingkang dipun tanem, dipun ingah, mendha, maesa, lembu lan sanes – sanesipun pamedalipun langkung sae. Jaler, estri, enem lan sepuh sedaya banget asih saha mituhunipun dhumateng Ki Tolih. Makaten ugi Adipati Kaleng Raden Banyak Kumara.

 

 

 

Sumebaring Islam Wonten Negari Panjer lan Wirasaba

Wonten ing warsa 1437 Majapahit milai surut. Kraton pindhah dhateng Demak, ingkang dados Ratu inggih punika putranipun Ratu Majapahit asma Raden Patah, kanti sesebatan Sultan. Pra Wali dados wakiling Kang manitah ingkang sanget dipun pitados. Kathah kerajaan ing sak kiwa tengenipun Demak ingkang ngrasuk Islam.

Adipati Margautama II/ Raden Warga (putranipun Adipati Margautama I/Raden Kaduhu) mangertosi bilih Majapahit sampun dipun gantos dening Kesultanan Demak kanti ajaran Nabi ingkang dipun wucalaken dening pra Wali.  Pramila panjenenganipun lajeng tindak dhateng Demak kalian rencang raketipun asma Ki Buwara kangge ngrasuk Islam.

 

Wonten ing Demak, Ki Buwara ngaos wonten ing masjid ngantos dangu, wondene Adipati Margautama II kondur dhateng Wirasaba lan paring dhawuh dumateng sedaya rakyatipun supados ngrasuk Islam.

Kuwu Panjer dipun gantos sebutanipun dados Adipati Panjer saksampunipun ngrasuk Islam. Suwargi dados satunggaling kawruh agami enggal wonten ing kalih nagari inggih punika Panjer lan Wirasaba. Mboten wonten bentenipun jaler, estri sedanten ngrasuk Islam.


 

Raden Bagus Mangun/ Utama Pikantuk Putri Adipati Margautama II

Putra pembajengipun Adipati Margautama II mios putri. Wonten satunggaling dinten, ing Kaleng karawuhan tamu kalih inggih punika Nyai Mranggi lan Kyai Mranggi saking Kejawar. Nyai Mranggi punika rayinipun Adipati Kaleng Raden Banyak Kumara. Tamu wau dipun tampi kanti sae dening adipati Kaleng lan Ki Tolih. Adipati Kaleng, Ki Tolih, Nyai lan Kyai Mranggi lajeng wawanrembag. Nyai Kejawar lajeng dipun dangu dening Ki Tolih punapa kersanipun. Rawuhipun wonten Kaleng amargi kagungan kersa badhe nyambet arta. Keleresan Nyai Mranggi Kejawar punika dados tiyang tani, ingkang saweg nandang susah amargi putra angkatipun asma Raden Bagus Mangun ingkang sakjatosipun putra pembajeng saking Kangmasipun ingkang asma Raden Banyak Sasra badhe dipun pundhut mantu dening Adipati Margautama II Wirasaba ingkang taksih kapernah sederekipun piyambak. Bingahipun manah dene dados putra mantunipun Adipati, sisahipun manah dene tiyang tani mboten gadah arta kangge nyekapi syarat – syaratipun. Adipati Kaleng Raden Banyak Kumara lajeng paring arta 100 ringgit dumateng Nyai Mranggi Kejawar, ananging Kyai Mranggi Kejawar dipun pundhut bantuanipun supados ndamelaken werangka kerisipun Ki Tolih ingkang mangkenipun badhe dipunparingaken dhateng Adipati Banyak Kumara. Keleres Kyai Mranggi Jawar kawentar setunggiling empu pakerisan. Kyai Mranggi lajeng ndamelaken werangka kanti syarat keris dipun asta kondur dateng Kejawar amargi alat – alatipun wonten griya sedaya.

 

Kacarios dhauping penganten sampun kaleksanan kanti sae wonten kadipaten Wirasaba. Adipati Wirasaba bingah sanget dene Kyai Mranggi saged nyekapi syaratipun arta.Werangka keris ugi sampun purna. Sak sampunipun cekap dhauping penganten, Kyai lan Nyai Mranggi ugi Bagus Mangun nyuwun lilahipun Adipati Wirasaba supados keng putra Bagus Mangun punika mapan wonten sejawining kadipaten, mantuk dhateng Kejawar amargi Bagus Mangun punika wau asal tiyang dusun ingkang tuna ing tatakramanipun Kadipaten. Adipati Wirasaba lajeng paling lilah.

 

Kacarios, Ki Tolih tindak dhateng Kejawar badhe mundhut kerisipun. Dumugi Kejawar, Ki Tolih kapanggih Bagus Mangun lajeng piyambakipun dipun pundhut putra angkat dening Ki Tolih. Kyai lan Nyai Mranggi sanget sukanipun dene Bagus Mangun dipun pundhut putra angkat dening Ki Tolih ingkang kawentar satunggiling pandita luhur. Saklajengipun Ki Tolih paring pusaka keris Gajah Endra punika dhateng Bagus Mangun kangge warisan tedak turunipun mbenjang. Ananging werangkanipun dipun asta Ki Tolih kondur dhateng Kaleng badhe dipun paringaken dhumateng Adipati Kaleng Banyak Kumara. Sakderengipun kondhur dhateng Kaleng, Ki Tolih ngendika “ Sapa bae kang nyekel pusaka keris Gajah Endra bakal nemu kamulyan lan lungguh ing kaprajan . Ananging sak wuse turun pitu bakal ana perang kang bakal njupuk keris kuwi saka turunanmu “.

 

Ki Tolih Mbikak Dusun Cikakak

Ki Tolih lajeng tindak dhateng kaleng ngasta werangkanipun. Dumugi Kaleng, Ki Tolih nyuwun pamit dhateng Adipati Kaleng bilih panjenenganipun badhe pados merginipun pejah ingkang sampurna. Adpati Kaleng ingkang nyegah niatipun Ki Tolih mboten pikantuk mergi. Ki Tolih pamit lan ngendika bilih sedaya sampun kersanipun ingkang Manitah. Sakderengipun tindak, werangka keris Gajah Endra punika dipun paringaken dhateng Adipati Kaleng. Ki Tolih ngendika bilih werangka punika pusaka ingkang dados hakipun sedaya tedak turunipun Adipati Kaleng.

 

Dipun cariosaken Ki Tolih lajeng nerasaken lampah njujug wana wonten tepining seganten kidul, mangilen urut tepiswiringing seganten, jurang, gua lan sanes – sanesipun ingkang rumpilipun mboten saged kacarios wonten ing ngriki. Ki Tolih tansah nenuwun dumateng Gusti mugi dipun paringi pitedah babagan kasampurnaning pejah.

 

Panjenenganipun nerasaken lampah dumugi Ayah, lajeng tindak mangilen dumugi Nusa Kambangan. Ki Tolih maneges puja semadhi sawatawis dangu wonten ing Nusa Kambangan. Saking Nusa Kambangan, panjenenganipun lajeng nyeberang malih mangaler lan lumampah wonten pernah Ler dumugi Cikakak. Ki Tolih lajeng yasa dukuh lan mandhita wonten ing Cikakak.

 

Pawartos Ki Tolih ingkang lenggah mandhita dan hambikak dusun wonten Cikakak kapireng ugi dening Adipati Kaleng Raden Banyak Kumara lan Kyai Mranggi Kejawar. Kyai Mranggi njujug dhateng Cikakak. Sak lajengipun, saksampunipun purna anggenipun lenggah ngasta Adipati, Raden Banyak Kumara ugi lajeng njujug dhateng Cikakak. Pasedherekanipun Adipati Kaleng Nagari Panjer kaliyan Ki Tolih saha Kyai Mranggi saking Kalingga lestantun dumugi titi kala mangsanipun. Adipati Kaleng, Ki Tolih lan Kyai Mranggi seda lan dipun sarekaken wonten Cikakak, sumare wonten satepining lepen sakcelakipun Masjid Cikakak yasanipun Ki Tolih. Sakpunika pesarean Ki Tolih kawentar asma Mbah Mustolih, Adipati Kaleng Raden Banyak Kumara kawentar asma Adipati Kaleng, ewadene Kyai Mranggi kawentar asma Kanjeng Sregi.

Nagari Panjer sakpunika salin dados kabupaten Kebumen, wondene Nagari Wirasaba salin dados kabupaten Purbalingga.

 

Makaten carios riwayatipun Ki Tolih lan mula bukanipun dusun Cikakak, mugi saged dados tambahing pangertosan khususipun kangge sedaya tedhak turunipun, lan kangge sedaya masyarakat umumipun.

 

Tamat.

Ananda. RSejarahcatatan sejarah kebumen,Kadipaten Kaleng,Kadipaten Panjer,Panjer Kebumen,Sejarah Banyumas,Sejarah Desa Cikakak Banyumas,Sisi Gelap Sejarah KebumenCarios Riwayatipun Ki Tolih Lan Mula Bukanipun Dusun Cikakak - Banyumas, Lan Riwayat Adipati Kaleng Negari Panjer Raden Banyak Kumara   Bebuka Carios punika dipun serat dening R. Ravie Ananda ingkang mapan wonten ing Jln. Garuda 13 Kebumen (Tanah Panjer), dinten Selasa Pon, 20 November 2012 (7 Muharram 1435 H/ 7 Sura...Kembalinya jati diri Bangsa Indonesia yang berpancasila