LINTANG PANJER-WENGI
Karya Prof. Dr. Damardjati Supadjar

Kekalangan kekuwung ngawengi
Lir wewengkon bale mandhakiya
Pasewakaning pamase
Jroning kalang kadulu
Kang sumewa parek neng ngarsi
Mung punggawa sajuga
Arya Panjer Surup
Pramukayaning taranggana
Kang sawega rumeksa pringgayaning ratri
Ngayomi ayuning-Rat

Tan petungan panjrahing wadya lit
Arahane mawor mawurahana
Ngapit narmada prenahe
Jro petenging Serayu
Angregancang sang Bima-Sekti
Nyuwek tutuking naga
Kang sikareng laku
Yeku mangka pralampita
Mrih mengeta den mantep teteping budi
Widada kang sinedya
(“Rerepen” Ki Iromenggolo )

https://kebumen2013.com/wp-content/uploads/2013/04/lintang-panjer-wengi-karya-prf-dr-damardjati-supadjar-1024x623.jpghttps://kebumen2013.com/wp-content/uploads/2013/04/lintang-panjer-wengi-karya-prf-dr-damardjati-supadjar-140x140.jpgAnanda. RRuang KejawenKajian Sufistik,Kumpulan Puisi,Puisi,Spiritual Jawa,Sufistik JawaLINTANG PANJER-WENGI Karya Prof. Dr. Damardjati Supadjar Kekalangan kekuwung ngawengi Lir wewengkon bale mandhakiya Pasewakaning pamase Jroning kalang kadulu Kang sumewa parek neng ngarsi Mung punggawa sajuga Arya Panjer Surup Pramukayaning taranggana Kang sawega rumeksa pringgayaning ratri Ngayomi ayuning-Rat Tan petungan panjrahing wadya lit Arahane mawor mawurahana Ngapit narmada prenahe Jro petenging Serayu Angregancang sang Bima-Sekti Nyuwek tutuking naga Kang sikareng laku Yeku mangka pralampita Mrih mengeta den mantep...Kembalinya jati diri Bangsa Indonesia yang berpancasila